السَّلاَمُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَاكَاتُهُ
الحَمْدُ لله 2 الَذِى أَمَرَناَ أَنْ لاَ نَعْبُدَ إِلاَّ
إِياَّهُ. وَأَمَرَناَ كُلاًّ مِناَّ بِإِحْسَانِ وَالِدَيْهِ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ
اِله إِلاَّ الله وَحْدَه لاَ شَرِيْكَ لَه رَحِيْمٌ لِّلْمُؤْمِنِيْنَ وَلِلْخَائِفِيْن
اَمَاناً. وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدً رَسُوْلُ الله عَبْدُهُ وَرَسُوْلُه .
القَائِلُ لاَ يَجْزِى وَلَدٌ وَالِدَهُ إِلاَّ يَجِدَهُ مَمْلُوْكاً
فَيَشْتَرِيَهُ لِيُعْتِقَهُ. اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِناَ مُحَمَّد وَعلَى آلِه
وَأَصْحَابِه حَمْلَةُ الهُدَى وَاْلبَيَان.
أَمَّا بَعْدُ – فَيَا
عِبَادَ اللهِ ! إِتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِه وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ
مُسْلِمُوْنَ. وَقَدْ فَازَ اْلمُتَّقُوْن وَأَطِيْعُوْا لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ.
Hadirin
sidang jum’at ingkang minulyo.
Sak sampunipun muji dumateng Alloh soho maos sholawat kunjuk dateng junjungan
kito Nabi Agung Muhammad SAW, kulo wasiat dumateng panjenengan sedoyo, ugi dateng pribadi kulo
piyambak, monggo samiyo nambahi taqwa dumateng Allah SWT kanthi nebihi awisan-awisanipun lan nglampahi
punopo ingkang dipun dawuhaken. Lan kita kedah mangertos bilih kito sedoyo
wonten ing alam dunyo puniko dipun ciptaaken dening Allah SWT. mboten sanes inggeh
namung ibadah
lan ngabekti dumateng perintahipun Allah SWT. Artosipun sedoyo gerak lampah
kito, tumindak kito, pangendikan soho pendamelan kito wonten dunyo meniko kedah
dipun landasi minongko bukti ngawulo lan raos syukur dumateng Allah. Allah SWT
sampun ngendika:
وَماَ خَلَقْتُ الْجِنَّ وَ اْلإِنْسَ إِلاَّ
لِيَعْبُدُوْنِ
Ingkang artosipun: “Aku ora ndadeake bongso jin lan manungso
kejobo supoyo ngawulo maring Ingsun (Allah SWT”)
Allah ugi ngendiko wonten ing surat
An-Nisa’ 36:
Artosipun: “ Ngabektiyo siro kabeh marang Allah
SWT lan ojo siro kabeh pisan-pisan nyekutoake Allah marang liyane lan gaweo kabecikan
marang wong tuwo loro, kerabat, anak-anak yatim, wong-wong fakir miskin, tonggo
kang cedak lan adoh, konco akrab, ibnu sabil lan hamba sahayamu. Sak temene Allah iku ora seneng tumrap wong kang sombong bangga
marang awak dewene”. ( Qur’an surat
an-Nisa : 36).
Sak sampunipun Allah merintah ngabekti, ibadah
dumateng Allah piyambak, lajeng dipun susul kaliyan perintah ngabekti dumateng
tiyang sepah kekalih, lan meniko wajib kito lampahi kanti ikhlas.
Menawi kito penggalih,
raos welas, raos asih ingkang ageng, ingkang kito raosaken, sak sampunipun welasipun Allah, meniko raos welas asihipun tiyang
sepah kekaleh marang putranipun. Pramilo kanthi meniko, bektos dumateng tiyang
sepuh kekalih dumawah persis sak sampunipun bekti dumateng Allah SWT.
Kito saged mangertosi rekasanipun ibu naliko ngandut. Lajeng sak sampunipun putro lahir, Ibu kanthi ikhlas dahar
ingkang anyep-anyep, soho ingkang sarwo
pahit kados jamu-jamu lan sak, supados putranipun tetap sehat wal afiyat. Naliko tiyang sepuh
sare, wungu sebab mirengaken tangisipun bayi lan sak panunggalanipun. Semanten
ugi bapak ngupados nafkah soho biaya ingkang halal ingkang mboten etangan. Kulit rumiyen kuning
lajeng dados cemeng geseng, badan rumiyen ageng kadang kantun balung kaliyan
kulit. Sebab ngeraosaken awratipun pados nafaqoh. Pramilo Sampun
sak mestinipun kito ngabekti dumateng tiyang sepah
kekalih lan jagi hak-hakipun .
Allah sampun dawuh wonten ing surat Luqman: 14:
Ingkang artosipun: “ Lan tak perintahake marang
menungso kabeh supoyo agawe becik marang wong tuwo lorone, ibune wis ngandut
kanthi lemes lan tambah-tambah, lan nyapih sak wuse 2 tahun, syukuro marang Aku
(Allah) lan marang wong tuwo loromu, lan namung marang Aku ( Allah) siro bakal
bali”. ( Qur’an Surat Lukman: 14).
Milo monggo, manawi tiyang sepuh kito sami taksih sugeng kedah kito mulya’aken, kito hormati, kito wajib
taat dateng
perintahipun ingkang boten nyimpang saking syari’at Islam. Nebihi sedoyo
ingkang dadosaken kuciwo manahhipun
tiyang sepah kekalih, sebab.... saged kito tingali ing zaman ahir sak meniko kathah sanget, putro
kumowantun dumateng tiyang sepah kekalihipun, jangkar, kirang totokromo, kadang
malah kebablasen ngantos niya’-niyaaken ibu bapakipun, na’udzubillahi min
dhalik. Prasasat tiyang kolowau sampun nglampahi dosa ageng. Anamung
piyambakipun mboten kraos, Rosululloh paring dawuh :
أَكْبَر الْكَبَائر الآشْرَكُ بالله وقَتْل النفْس
وَعُقُوْقُ الوَلدَيْن وَقَوْل الزُوْر (رواه البخاري)
Artosipun : dosa-dosa ingkang paling besar inggih
puniko :
1. Nyekutoaken dateng Alloh
swt.
2. Mateni dateng awak-awakan
3. Duroko dateng tiyang sepah
kekalih
4. Guneman Awon utawi
pendusta (Hadits Sahih 152)
Ahli jum’at
Ingkang Tinuhu kinebekten
Menawi mederek pengendikane rosul bilih birrul
walidain meniko anggadahi khikmah ingkang ageng sanget, nuwun inggih saged
ndatengaken kabejan kagem piyambaipun ugi Alloh nambahi dateng umuripun :
مَنْ بَر وَالده طُوبَي لَهُ وَزَادَ اللهُ في عُمُره (رواه البخاري)
Artosipun : Sopo wong kang agawe bagus marang
wong tuwo lorone, mongko bakal bejo lan Alloh bakal ndawa’ake umure (hadits
shoheh 164)
Kosok wangsulipun menawi tiyang meniko mboten
kerso mbeciki dateng tiyang sepah kekalih, tentu Alloh mboten bade ridho
dumateng piyambaipun.
Tiyang ingkang kados mekaten termasuk tiyang
ingkang rugi, keranten mboten waged mlebet suwarganipun Alloh swt. Mekaten meniko miderek
pengendikanipun Rosululloh saw. :
أرْبَعُ حَق علي الله أن لآ يُدخلهُمْ الجَنَةَ
وَلآيُديقهم نَعيْمَهَا : مُدْمنُ خَمْر،
وأكيل الربا، وَأكلُ مَال اليَتيْم بغَيْر حَق، والعَاقُ لوَالدَيْه (رواه الحاكم)
Artosipun : Sekawan haq menggah Alloh, Alloh
mboten bade nglebetaken suwargo, lan mboten bade ngraosaken nikmatipun
suwargonipun Alloh : tiyang sekawan puniko.......
- Peminum khomer utawi pemabuk
- Pemakan harta riba termasuk rentenir
- Pemakan bandonipun anak yatim tanpa hak
- Tiyang ingkang kumowantun nyakiti dateng
tiyang sepah kekalih.
Menawi kito
tingali sangking hadits meniko, sok sinten to tiyange ingkang kumowantun dateng
tiyang sepahipun mongko tiyang kasebat ampun ngajeng- ngajeng dateng
suwarganipun Alloh swt.
Milo Minongko akhir khutbah, monggo kito tansah
enget bilih ridhonipun Allah meniko tergantung ridhonipun tiyang sepah kekalih,
semanten ugi bendunipun Allah wonten bendunipun tiyang sepah kekalih.
رضي الله برض الولدين
وسخط الله في سخط الوالدين
Menawi tiyang sepuh kito sami taksih sugeng kedah
kito mulyaaken, taat marang perintahipun ingkang boten nyimpang saking syari’at
Islam. Menawi sampun sumare monggo kito do’aaken minongko bektinipun putro
dumateng tiyang sepah kekalih.
Hadirin
sidang jum’at ingkang minulyo.
Ahiripun...... Mugi-mugi kito kagolong tiyang
ingkang taat dumateng Allah, dumateng
rosul lan
bekti dateng tiyang sepah kekalih. Amin...
اَعُوْذُ باِلله مِنَ الشَّيْطاَنِ الرَّجِيْمِ
بِسْمِ الله الرَّحْمنِ الرَّحِيْمِ. وَقَضى رَبُّكَ أَنْ لاَ تَعْبُدُوْا إِلاَّ
إِياَّهُ وَباِلْوَالِدَيْنِ إِحْساَناً إِماَّ يَبْلُغَنَّ عِنْدَكَ اْلكِبَرَ أَحَدَهُمَا
أَوْ كِلاَهُمَا فَلاَ تَقُل لَهُمَا أُفٍّ وَلاَ تَنْهَرْهُماَ وَقُلْ لهَمُاَ قَوْلاً كَرِيْماً.
باَرَكَ اللهُ ليِ وَلَكُمْ فيِ ْالقُرْآنِ اْلعَظِيْمِ
- وَنَفَعَنيِ وَإِياَّكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآياَتِ وَالذِّكْرِ اْلحَكِيْمِ
- وَتَقَبَّلَ مِنيِّ وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ اْلعَلِيْم
– أَقُوْلُ قَوْليِ هَذَا وَاسْتَغْفُرُ اللهَ اْلعَظِيْم ليِ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ
اْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَات وَاْلمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَات فَاسْتَغْفِرُوْهُ
إِنَّهُ هُوَ اْلغَفُوْرُ الرَّحِيْمِ.
Alhamdulillah,.membantu bagi yang beajar menjadi pencerama
BalasHapussyukurlah
Hapusmakasih gan
BalasHapusMohon maaf dalam kalimat penutup kutbah yang menyampaikan Q.S. Al-Isra' ayat 23
BalasHapuskurang kata فَلا تَقُلْ لَهُمَا
mohon dijadikan periksa
Terima Kasih Atas Koreksinya, dan Mhn Bg yg download. saya dg segala kerendahan hati bila terdapat kesalahan untuk bisa dibetulkan. posting sudah tak perbarui
HapusMatur nuwun njih mas.... Nyuwun ijin copy...
BalasHapussami-sami, mugi manfaat
Hapussae meniko mnawi saget dipon serat ayatipon ............izi copas
BalasHapuscocok kangge tiang ndusun perlu dipon kembangaken maleh izin copas jazakumllooh ah ja
BalasHapusMatur sembah nuwun
BalasHapus