24 Jan 2013

KHUTBAH JUM'AT BIRRUL WALIDAIN BAHASA JAWA



السَّلاَمُ
عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَاكَاتُهُ
الحَمْدُ لله 2 الَذِى أَمَرَناَ أَنْ لاَ نَعْبُدَ إِلاَّ إِياَّهُ. وَأَمَرَناَ كُلاًّ مِناَّ بِإِحْسَانِ وَالِدَيْهِ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ اِله إِلاَّ الله وَحْدَه لاَ شَرِيْكَ لَه رَحِيْمٌ لِّلْمُؤْمِنِيْنَ وَلِلْخَائِفِيْن اَمَاناً. وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدً رَسُوْلُ الله عَبْدُهُ وَرَسُوْلُه . القَائِلُ لاَ يَجْزِى وَلَدٌ وَالِدَهُ إِلاَّ يَجِدَهُ مَمْلُوْكاً فَيَشْتَرِيَهُ لِيُعْتِقَهُ. اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِناَ مُحَمَّد وَعلَى آلِه وَأَصْحَابِه حَمْلَةُ الهُدَى وَاْلبَيَان.
أَمَّا بَعْدُ – فَيَا عِبَادَ اللهِ ! إِتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِه وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ. وَقَدْ فَازَ اْلمُتَّقُوْن وَأَطِيْعُوْا لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ.
Hadirin sidang jum’at ingkang minulyo.
Sak sampunipun muji dumateng Alloh soho maos sholawat kunjuk dateng junjungan kito Nabi Agung Muhammad SAW, kulo wasiat dumateng panjenengan sedoyo, ugi dateng pribadi kulo piyambak, monggo samiyo nambahi taqwa dumateng Allah SWT kanthi nebihi awisan-awisanipun lan nglampahi punopo ingkang dipun dawuhaken.  Lan kita kedah mangertos bilih kito sedoyo wonten ing alam dunyo puniko dipun ciptaaken dening Allah SWT. mboten sanes inggeh namung ibadah lan ngabekti dumateng perintahipun Allah SWT. Artosipun sedoyo gerak lampah kito, tumindak kito, pangendikan soho pendamelan kito wonten dunyo meniko kedah dipun landasi minongko bukti ngawulo lan raos syukur dumateng Allah. Allah SWT sampun ngendika:
وَماَ خَلَقْتُ الْجِنَّ وَ اْلإِنْسَ إِلاَّ لِيَعْبُدُوْنِ
Ingkang artosipun: “Aku ora ndadeake bongso jin lan manungso kejobo supoyo ngawulo maring Ingsun (Allah SWT”)
Allah ugi ngendiko wonten ing surat An-Nisa’ 36:
 
Artosipun: “ Ngabektiyo siro kabeh marang Allah SWT lan ojo siro kabeh pisan-pisan nyekutoake Allah marang liyane lan gaweo kabecikan marang wong tuwo loro, kerabat, anak-anak yatim, wong-wong fakir miskin, tonggo kang cedak lan adoh, konco akrab, ibnu sabil lan hamba sahayamu. Sak temene Allah iku ora seneng tumrap wong kang sombong bangga marang awak dewene”.  ( Qur’an surat an-Nisa : 36).

Sak sampunipun Allah merintah ngabekti, ibadah dumateng Allah piyambak, lajeng dipun susul kaliyan perintah ngabekti dumateng tiyang sepah kekalih, lan meniko wajib kito lampahi kanti ikhlas.
Menawi kito penggalih, raos welas, raos asih ingkang ageng, ingkang kito raosaken, sak sampunipun welasipun Allah, meniko raos welas asihipun tiyang sepah kekaleh marang putranipun. Pramilo kanthi meniko, bektos dumateng tiyang sepuh kekalih dumawah persis sak sampunipun bekti dumateng Allah SWT.
Kito saged mangertosi rekasanipun ibu naliko ngandut. Lajeng sak sampunipun putro lahir, Ibu kanthi ikhlas dahar ingkang anyep-anyep, soho ingkang sarwo pahit   kados jamu-jamu lan sak, supados putranipun tetap sehat wal afiyat. Naliko tiyang sepuh sare, wungu sebab mirengaken tangisipun bayi lan sak panunggalanipun. Semanten ugi bapak ngupados nafkah soho biaya ingkang halal  ingkang mboten etangan. Kulit rumiyen kuning lajeng dados cemeng geseng, badan rumiyen ageng kadang kantun balung kaliyan kulit. Sebab ngeraosaken awratipun pados nafaqoh. Pramilo Sampun sak mestinipun kito ngabekti dumateng tiyang sepah kekalih lan jagi hak-hakipun .
Allah sampun dawuh wonten ing surat Luqman: 14:
 
Ingkang artosipun: “ Lan tak perintahake marang menungso kabeh supoyo agawe becik marang wong tuwo lorone, ibune wis ngandut kanthi lemes lan tambah-tambah, lan nyapih sak wuse 2 tahun, syukuro marang Aku (Allah) lan marang wong tuwo loromu, lan namung marang Aku ( Allah) siro bakal bali”. ( Qur’an Surat Lukman: 14).

Milo monggo, manawi tiyang sepuh kito sami taksih sugeng kedah kito mulyaaken, kito hormati, kito wajib taat dateng perintahipun ingkang boten nyimpang saking syari’at Islam. Nebihi sedoyo ingkang dadosaken kuciwo manahhipun tiyang sepah kekalih, sebab.... saged kito tingali ing zaman ahir sak meniko kathah sanget, putro kumowantun dumateng tiyang sepah kekalihipun, jangkar, kirang totokromo, kadang malah kebablasen ngantos niya’-niyaaken ibu bapakipun, na’udzubillahi min dhalik. Prasasat tiyang kolowau sampun nglampahi dosa ageng. Anamung piyambakipun mboten kraos, Rosululloh paring dawuh :
أَكْبَر الْكَبَائر الآشْرَكُ بالله وقَتْل النفْس وَعُقُوْقُ الوَلدَيْن وَقَوْل الزُوْر (رواه البخاري)
Artosipun : dosa-dosa ingkang paling besar inggih puniko :
1.      Nyekutoaken dateng Alloh swt.
2.      Mateni dateng awak-awakan
3.      Duroko dateng tiyang sepah kekalih
4.      Guneman Awon utawi pendusta (Hadits Sahih 152)

Ahli jum’at Ingkang Tinuhu kinebekten

Menawi mederek pengendikane rosul bilih birrul walidain meniko anggadahi khikmah ingkang ageng sanget, nuwun inggih saged ndatengaken kabejan kagem piyambaipun ugi Alloh nambahi dateng umuripun :
مَنْ بَر وَالده طُوبَي لَهُ وَزَادَ اللهُ في عُمُره (رواه البخاري)
Artosipun : Sopo wong kang agawe bagus marang wong tuwo lorone, mongko bakal bejo lan Alloh bakal ndawa’ake umure (hadits shoheh 164)

Kosok wangsulipun menawi tiyang meniko mboten kerso mbeciki dateng tiyang sepah kekalih, tentu Alloh mboten bade ridho dumateng piyambaipun.
Tiyang ingkang kados mekaten termasuk tiyang ingkang rugi, keranten mboten waged mlebet suwarganipun  Alloh swt. Mekaten meniko miderek pengendikanipun Rosululloh saw. :

أرْبَعُ حَق علي الله أن لآ يُدخلهُمْ الجَنَةَ وَلآيُديقهم  نَعيْمَهَا : مُدْمنُ خَمْر، وأكيل الربا، وَأكلُ مَال اليَتيْم بغَيْر حَق، والعَاقُ لوَالدَيْه  (رواه الحاكم)
Artosipun : Sekawan haq menggah Alloh, Alloh mboten bade nglebetaken suwargo, lan mboten bade ngraosaken nikmatipun suwargonipun Alloh : tiyang sekawan puniko.......
  1. Peminum khomer utawi pemabuk
  2. Pemakan harta riba termasuk rentenir
  3. Pemakan bandonipun anak yatim tanpa hak
  4. Tiyang ingkang kumowantun nyakiti dateng tiyang sepah kekalih.

Menawi  kito tingali sangking hadits meniko, sok sinten to tiyange ingkang kumowantun dateng tiyang sepahipun mongko tiyang kasebat ampun ngajeng- ngajeng dateng suwarganipun Alloh swt.
Milo Minongko akhir khutbah, monggo kito tansah enget bilih ridhonipun Allah meniko tergantung ridhonipun tiyang sepah kekalih, semanten ugi bendunipun Allah wonten bendunipun tiyang sepah kekalih.
رضي الله برض الولدين وسخط الله في سخط الوالدين
Menawi tiyang sepuh kito sami taksih sugeng kedah kito mulyaaken, taat marang perintahipun ingkang boten nyimpang saking syari’at Islam. Menawi sampun sumare monggo kito do’aaken minongko bektinipun putro dumateng tiyang sepah kekalih.

Hadirin sidang jum’at ingkang minulyo.
Ahiripun...... Mugi-mugi kito kagolong tiyang ingkang taat dumateng Allah, dumateng rosul lan bekti dateng tiyang sepah kekalih. Amin...

اَعُوْذُ باِلله مِنَ الشَّيْطاَنِ الرَّجِيْمِ بِسْمِ الله الرَّحْمنِ الرَّحِيْمِ. وَقَضى رَبُّكَ أَنْ لاَ تَعْبُدُوْا إِلاَّ إِياَّهُ وَباِلْوَالِدَيْنِ إِحْساَناً إِماَّ يَبْلُغَنَّ عِنْدَكَ اْلكِبَرَ أَحَدَهُمَا أَوْ كِلاَهُمَا فَلاَ تَقُل لَهُمَا أُفٍّ وَلاَ تَنْهَرْهُماَ وَقُلْ لهَمُاَ قَوْلاً كَرِيْماً.
باَرَكَ اللهُ ليِ وَلَكُمْ فيِ ْالقُرْآنِ اْلعَظِيْمِ - وَنَفَعَنيِ وَإِياَّكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآياَتِ وَالذِّكْرِ اْلحَكِيْمِ - وَتَقَبَّلَ مِنيِّ وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ اْلعَلِيْم – أَقُوْلُ قَوْليِ هَذَا وَاسْتَغْفُرُ اللهَ اْلعَظِيْم ليِ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ اْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَات وَاْلمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَات فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ اْلغَفُوْرُ الرَّحِيْمِ.                         

10 komentar:

  1. Alhamdulillah,.membantu bagi yang beajar menjadi pencerama

    BalasHapus
  2. Mohon maaf dalam kalimat penutup kutbah yang menyampaikan Q.S. Al-Isra' ayat 23
    kurang kata فَلا تَقُلْ لَهُمَا
    mohon dijadikan periksa

    BalasHapus
    Balasan
    1. Terima Kasih Atas Koreksinya, dan Mhn Bg yg download. saya dg segala kerendahan hati bila terdapat kesalahan untuk bisa dibetulkan. posting sudah tak perbarui

      Hapus
  3. Matur nuwun njih mas.... Nyuwun ijin copy...

    BalasHapus
  4. sae meniko mnawi saget dipon serat ayatipon ............izi copas

    BalasHapus
  5. cocok kangge tiang ndusun perlu dipon kembangaken maleh izin copas jazakumllooh ah ja

    BalasHapus