5 Des 2011

MILIHAKE PENDIDIKAN PUTRO


MILIHAKE PENDIDIKAN PUTRO
السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
اَلْحَمْدُ للهِ الَّذِىيَرْفَع الله الذى أُو تُوا الْعلمَ دَرَجَات   اَشْهَدُ اَنْ لاَاِلهَ اِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ، وَاَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدً عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ الَّذِى لآنبيَّ بَعْدَهُ ــــ اَللّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلىَ عَبْدِكَ وَرَسُوْلِكَ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلى اَلِهِ وَاَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُ إلَى يَوْم القِيَمَهْ (امابعد)
فَيَاَيُّهَااْلمُسْلِمُوْنَ. رَحِمَكُمُ اللهَ. اِتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ اِلاَّ وَاَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ.
معاشر المسلين رحمكم الله
Langkung rumiyin kulo wasiat dumateng awak kulo piyambak, ugi dumateng panjenengan sedoyo, monggo tansah samiyo ningkataken taqwo dumateng Alloh swt. Kanti nambahi tawakal lan pasrah dumateng Alloh swt. Ugi nindaaken sedoyo ingkang dados printahipun lan nebihi sedoyo awisanipun. Sehinggo kito sedoyo waged dados piyantun ingkang anggadahi pridikat taqwa dumateng Alloh swt.
معاشر المسلين رحمكم الله
Wonten ing wanci puniko kito sedoyo nembe bibaran, kangge kelulusan putro-puti kito, utawi paripurnane pendidikan formal, baik ingkang wonten sekolah utawi ingkang wonten madrasah. Wiwit sangking TK dumuginipun Perguruan Tinggi. Lan tentunipun bade ngayahi kangge pendaftaran, utawi nerasaken pendidikan sak lajengipun, ingkang langkung inggil kagem tataran sak terasipun, milo saking puniko perlu sanget pendidikan putro-putri kito, tansah kito perhatosaken. Kersanipun samangkih anggadahi ilmu, utawi kapinteran soho keahlian langkung-langkung anggadahi budi pekerti ahlakul karimah, awit pendidikan meniko merupakan modal dasar dalam segala hal, piyantun pingin mulyo gesangipun tentu kedah anggadahi ilmu, pingin ibadahipun dipun trimah dining Alloh swt. tentu kedah mawi ilmu ugi. Ing mongko ilmu puniko namung saged dipun peroleh sangking pendidikan, sangking bibinahu kanti rutin.
Pendidikan pundi kemawon sumonggo, bade wonten sekolahan meniko sahe, wonten madrasah utawi pesantren meniko kulo kinten langkung sahe, ingkang kirang sahe inggih meniko kito ngumbar putro-putri kito dados pengangguran, kluntang klantung mboten anggadahi tujuan hidup, ngicalaken kesembatan ing yuswo belajar, anamung damel nunggu datengipun wedal sepuh, utawi nenggo datengipun ajal.
معاشر المسلين رحمكم الله
Perlu kito mangertosi, bilih ingkang samangkih dipun wastani tiyang ingkang berhasil, tiyang ingkang berilmu utawi “Alim, meniko mboten ingkang wonten pesantren utawi ingkang wonten sekolahan, ananging tiyang ingkang berhasil meniko tiyang ingkang anggadahi kelebihan. Tentunipun menawi wonten dunia pendidikan inggih tiyang ungkang anggadahi ilmu pengetahuan, kecakapan, Meniko tiyang ingkang “Alim”. Alim dalam bidangipun, ananging samangkih badedipun angkat derajatipun dining Alloh swt. Firman Alloh QS Al Mujadallah : 11

 
Artosipun :
Hai wong-wong kang podo iman, tatkalane diomongke marang sliramu kabeh : “Podo lapango siro kabeh ing ndalem majlis”. Mongko Alloh arep nglapangake marang sliramu kabeh, lan lamono dikandakke : “ngadego sliramu kabeh “, Mongko ngadego siro kabeh, sak temene Alloh arep ngunggulake wong-wong kang podo iman ing antarane siro kabeh,  lan wong-wong kang nduweni ilmu pengetahuan pirang-pirang derajat. Lan Alloh moho ngudaneni marang opo sing kok lakoni sliramu kabeh.
معاشر المسلين رحمكم الله
Kagem tiyang sepah tentu bade wicaksono anggenipun ngarahaken pendidikan dateng putro-putrinipun, mboten cekap putro meniko pinter kemawon, ananging pendidikan ahlak jauh lebih penting, wonten mriki tiyang sepah kedah menggalih ingkang dalam, awit pendidikan putro puniko sak jatosipun tergantung sanget dateng tiyang sepah kekalihipun, bade damel corak kados nopo kemawon tiyang sepah saged mewarnai. Tiyang sepah saged nderek menentukan. Kito ampun nyalahaken tiyang sanes menawi putro kito dados putro duroko, lacut,  Rosul paring pengendikan.
كُلُّ مَوْلُودٍ يُوْلَدُ عَلَى الْفِطْرَةِ ــ فَأَبَوَاهُ يُهَاوَدَانِهِ أويُمَاجِسَانِهِ أوْ يُنَاصَرَانِهِ   الحدث

Artosipun : kabeh bocah kang lahir, iku suci netepi ing ndalem pitrohe tumuli wong tuwo lorone sing ndadeake bocah mau yahudi, majusi, utowo nasroni.

Menawi miderek kawulo, pendidikan ingkang sahe inggih puniko, pendidikan ingkang ngutamiaken dateng keseimbangan dunia lan akherat, awit kejawi kito nggayuh kemulyaan wonten akhirat samangkih, namung sak derengipun kito anggadahi pengharapan gesang kanti yuswo ingkang panjang wonten ing ndunyo, puniko mewajibkan kito ngupadi kebahagiaan dunyo, kersanipun kito dados tiyang ingkang sa’idun fiddunya wa sa’idun fil akhiroh meniko nderek dawuhipun Alloh swt. QS Al Qossos :77



 
Artosipun   :
Podo nupriho siro kabeh opo-opo sing dianugrahake dining Alloh swt. Maring sliramu (Kebahagiaan) negri Akherat, lan sliramu ojo podo nglalekke marang kebahagianmu songko (kenikmatan) duniawi lan podo agawe beciko (marang wong liyo) koyo Alloh wis nggawe becik, marang sliramu, lan sliramu ojo nggawe kerusakan ing (nduwur) bumi sak temene Alloh ora seneng marang wong-wong kang agawe kerusakan.

Dipun kuataken dening Pengendikanipun rosulukkoh swt :
لآيؤمِنُ أحَدَكُمْ مَنْ تَرَكَ دُنْيَاهُ لاخِرَتِهِ ولآأخِرَتَهُ لِدُنْيَاهُ  الحدث
Artosipun :
Mboten sempurno iman setunggaling piyantun ingkang ninggalaken dunyonipun kagem akhiratipun kemawon, lan mboten sempurno ugi piyantun ingkang ninggalaken aheratipun namung kagem dunianipun kemawon.

Milo monggo kito sedoyo ngupadi pendidikan ingkang seimbang duniawi lan uhrowi, sejalan kalian nafas lan aqidah kito Ahlussunnah wal jama’ah, khususipun pendidikan ingkang magayutan kalian agami, kito kedah selektif sa’estu, ampun ngantos kuciwo tembe mburinipun sebab salah asuhan, awit menikolah taneman panjenengan fiddunya khattal akheroh, samangkih ingkang saged mikul duwur mendem jeru dateng tiyang sepehipun, saged dongaaken lan nyuwunaken pangapunten dateng tiyang sepah sekalian. Sehinggo dados waladu sholikhun yad’u lah, ugi Dados tiyang ingkang sa’idun fiddunya wa sa’idun fil akhiroh Amin ya robbal ‘alamin.
معاشر المسلين رحمكم الله
Mekaten khutbah singkat ingkang saged kulo sampaiaken mugiyo dados pekemut dateng kulo khususipun, lumeber dumateng kaum muslimin wal muslimat, amin ya robbal ‘alamin.
بَارَكَ اللهُ لِى وَلَكُمْ فِى اْلقُرْأَنِ اْلعَظِيْم وَنَفَعِنَي وَاِيَّاكُمْ بِمَافِيْهِ مِنَ اْلايَاتِ وَالذِّكْرِاْلحَكِيْم
اَقَوْلُ قَوْلِى هَذَا وَاَسْتَغْفِرُ اللهَ لِيْ وَلَكُمْ  وَاَسْتَغْفِرُهُ اِنَّهُ هُوَاْلغَفُوْرُالرَّحِيْمُ

Tidak ada komentar:

Posting Komentar