5 Des 2011

Khutbah Amanat Putro Wayah


Amanat Putro Wayah
السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
اَلْحَمْدُ للهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ. وَنَعُوْذُبِاللهِ مِنْ سُرُوْرِ أنْفُسَنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِي اللهُ فَلاَمُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. اَشْهَدُ اَنْ لاَاِلهَ اِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ . وَاَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدً عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ. اَللّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلى عَبْدِكَ وَرَسُوْلِكَ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلى اَلِهِ وَاَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُ إلى يَوْمِ الدقِيَامَةِ (امابعد)     فَيَاَيُّهَااْلمُسْلِمُوْنَ. رَحِمَكُمُ اللهَ. اِتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ اِلاَّ وَاَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ.
معاشر المسلين رحمكم الله
Wonten sak lebeting kelonggaran gesang puniko, Monggo kito tansah nambahi bobotipun iman dumateng Alloh kanti taqwalloh, tegesipun kito berusaha nindaaken sedoyo perintahipun Alloh lan nebihi awisan-awisanipun. Mugiyo Alloh tansah maringi kekuatan lahir soho batin dumateng kito sedoyo. Sehinggo kito saged ninda’aken perintah-perintahipun.
معاشر المسلين رحمكم الله
Dene salah setunggaling perintahipun Alloh ingkang wajib kito tinda’aken, ing antawisipun inggih puniko ngrekso dateng awak kito lan keluargo saking api neroko, sangking siksonipun Alloh meniko sampun kawengku wonten dawuhipun Alloh swt. Wonten QS At-Tahrim : 6
$pkšr'¯»tƒ tûïÏ%©!$# (#qãZtB#uä (#þqè% ö/ä3|¡àÿRr& ö/ä3Î=÷dr&ur #Y$tR .... ÇÏÈ  
Artosipun: He... wong-wong kang podo iman, reksoho awak siro lan keluargo iro kabeh songko sikso neroko
Miderek ayat kasebat, ingkang merupakan tanggung jawab sebagai pribadi setiap muslim, inggih puniko njagi dateng pribadinipun piyambak ugi keluargaipun, sangking murkanipun Alloh, utawi saking siksonipun Alloh, inggih puniko geni neroko ingkang banget panasipun. Lan kito mangertosi,  bilih bahan bakaripun sangking manungso ingkang duroko lan khijaroh.
Menawi kito leres-leres iman soho taqwo dumateng Alloh, monggo gumrigah netepi panggilanipun Alloh, ngleksanaaken perintahipun Alloh kasebat, Inggih nylametaken awak kito ugi keluarga saking murkanipun Alloh kolowau.
Dene.... ingkang kawastanan keluargo, dalam arti sempit inggih puniko: bapak, ibu, soho putro lan wayah, ingkang samangkeh saged kito bentuk sesuai kalian keinginan kito, bade kadamel kados punopo pribadinipun, ahlakipun, agaminipun, keilmuanipun, tergantung dateng kito ingkang bade ngleksanani,  mekaten menggah pangendikanipun Rosululloh saw.
كُلُّ مَوْلُوْدٍ يُلَدُ عَلَى الْفِطْرَةِ فَإِنَّمَا أَبَوَاهُ يُهَوِّدَانِهِ أوْ يُنَاصِرَانِهِ أوْ يُمَاجِسَانِهِ (رواه البخاري ومسلم)
Artinya : Saben-saben bayi kang dilahirake, netepi pitroh kang suci, dene wong tuwone kang bakal ndadaake yahudi, nasroni utowo majusi.
Mekaten pengendikanepun rosul, bilih putro puniko sepenuhnya tanggung jawab ipun tiyang sepah, milo kedah kito jagi, kersane dados anak ingkang soleh utawi solihah, kito mboten waged nyalahaken tiyang sanes, menawi putro kito dados piyantun ingkang ahli duroko dumateng Alloh swt. Punopo maleh wonten ing jaman sak meniko kito mboten kengeng lengah, terutama wontenipun pergaulan putro, perlu kito jagi, kito amati lan selalu kito pantau.
Bapak mungkin ahli ibadah, anamung putro wayah terkadang-pun mboten genah, sebab sampun kenging pengaruh negatif, baik kena faham ekstrim kanan utawi ektrim kiri, ahiripun kito sebagai tiyang sepah-pun mboten saged ngertos karakter utawi pribadinipun putro, kadang-kadang putro wayah kito justru malah berprilaku kanti ngagem tendensi agama, namun prilakunipun sampun mlenceng sangking tatanan agama, sebab sampun salah gaul, malah-malah sampun dipun cuci otak-ipun kanti bai’at-baiat ingkang menyesatkan, fahan lan fanatisme ingkang kadang saged ngrugeaken datang tiyang katah, kito saged mirsani kedadosan-kedadosan ingkang tasih hanyat dipun bicaraaken wonten media elektrnik, ingkang terjadi wonten negari kito. Kito sanget anggenipun prihatin, namung kito kedah waged mundut  i’tibar, sebagai gambaran kagem keluargo kito, kagem awak kito piyambak, kados pundi saged kados mekaten kedadosanipun.... sehinggo kito mboten bade nganggep sepele, tentang urusan pendidikan lan pergaulan putro. Awit perkawis kalih meniko merupakan penentu kagem putro-putri kito sedoyo.
Nuwun sewu, ampun ngantos putro dados pemabuk, pecandu narkoba, pezinah minggahipun dados teroris bongso lan negoro, kito sebagai tiyang sepahipun mboten pirso..... utawi malah ethok-ethok mboten pirso, ingkang langkung parah malih, kito malah bangga dumateng putro ingkang kados mekaten meniko, na’udzubillah..... sebab kito sampun pirso bilih putro meniko setunggalipun amanat Alloh ingkang kedah kito jagi lan kito pertanggung jawabaken wonten ngersanipun Alloh.
Sebagai pribadi muslim, menawi kito sampun berkeyakinan bilih putro meniko, setunggalipun amanat Alloh ingkang katitipaken dateng kito, mestinipun kito kedah mbudi doyo sekuat tenaga, menghantarkan generasi kito dados generasi muslim ugi, generasi ingkang soleh-lan solihah, ta’at dateng Alloh lan rosululloh ugi patuh dumateng tiyang sepahipun. Tembe mburi dados tiyang ingkang pinter lan manfaati dateng agami bangso lan negari. Rosul dawuh
عَلِّمُوْا أوْلادكُم فَائنَّهُم مَخْلُقُوْنَ غَيْرَ زَمَانِكُم  ـ الحديث
Artosipun :
Podo mulango siro kabeh marang anak iro, sak temene dewe’e bakal dadi generasi ono zaman kang bedo sangking zaman iro kabeh.
معاشر المسلين رحمكم الله
Sak lajengipun kito mangertosi, bilih putro meniko merupakan amanat sangking Alloh, ingkang kedah kito jagi, milo ampun ngantos putro lan wayah meniko, terperosot wonten jurang api neroko. Keranten salah asuhan utawi salah pergaulan sebab hal meniko, kito bade dipun suwuni pertanggung jawaban dining Alloh swt. Pengendikanipun rosululloh saw :
....وَالرَّجُلُ رَاعٍ لآهْلِهِ وَمَسْئُولٌ عَنْ رَعِيَّتِهِ..... (رواه البخارى ومسلم)
Tegesipun : ....Wong lanang ugo pimpinan marang keluargane lan bakan disuwuni pertanggung jawaban kepiye olehe mimpin....
Milo kito sadar saestu bilih amanat meniko, wajib kito jagi lan dipertanggung jawabkan dumateng ingkang nitipaken amanat kolo wau, menawi awalipun amanat meniko pitroh, suci lan bersih, tentunipun sak mangkih harapan ingkang dipun kersaaken dateng pemilik amanat, tentu kundur dalam keadaan semula. Kados mekaten mungkin ingkang kawastanan tanggung jawab.
Mekaten ugi, Alloh ngersaaken dateng putro lan wayah kito sedoyo, samangkeh amanat putro kolowau, dodos tiyang ingkang rajin ibadah, ngabdi dateng Alloh, kanti anggadahi predikat taqwalloh. Utawi dados tiyang ingkang taqwa dumateng Alloh.
معاشر المسلين رحمكم الله
Perkawis ingkang gegayutan kalian putro lan wayah, ingkang mboten kalah pentingipun sak sampunipun kito mbudi doyo mendidik, mengarahkan dumuginipun milihaken lingkungan pergaulan, inggih puniko nyuwun dateng Alloh, lewat ndedongo tiap wekdal, mugi putro kolowau kadadosaken putro ingkang soleh lan solihah. Awit kito mangertosi bilih ridho Alloh meniko tergantung wonten ridhonipun tiyang sepah kalih. Anamung terkadang terlupakan, kagem tiyang sepah kekalih, sehinggo mboten pernah nyuwun dateng Alloh, mugi putro wayah kadadosno dzuriyah ingkang solih lan sholihah.
Ahiripun Mekaten khutbah singkat ingkang saged kulo sampai-aken, mugiyo kito sedoyo saged netepi printahipun Alloh swt. Lan kaparingan dzuriyah ingkang solih lan sholihah. ingkang kagolong awrat meniko, amin.....ya robbal alamiiin.
بَارَكَ اللهُ لِى وَلَكُمْ فِى اْلقُرْأَنِ اْلعَظِيْم وَنَفَعِنَي وَاِيَّاكُمْ بِمَافِيْهِ مِنَ اْلايَاتِ وَالذِّكْرِاْلحَكِيْم
اَقَوْلُ قَوْلِى هَذَا وَاَسْتَغْفِرُ اللهَ لِيْ وَلَكُمْ  وَاَسْتَغْفِرُهُ اِنَّهُ هُوَاْلغَفُوْرُالرَّحِيْمُ

Tidak ada komentar:

Posting Komentar