22 Okt 2015

Hijrah Rokhani


السَّلاَمُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَاكَاتُهُ
الحَمْدُ لله الذِيْ اَمَرَنَا بِاْلإِعْتِبَارِ- وَأَمَرَ الـهِجْرَةَ بِالنَّبِيِّ الـمُخْتَرْ-  أَشْهَدُ أَنْ لاَ اِله إِلاَّ الله وَحْدَه لاَ شَرِيْكَ لَه - وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُه - اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعلَى آلِه وَأَصْحَابِهِ أَجْمَعِيْنَ.
قاَلَ اللهُ تَعَالَى فيِ كِتَابِهِ الكَرِيْمِ، أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ" وَالَّذِيْنَ هَاجَرُوا فِى اللهِ مِنْ بَعْدِ مَا ظَلِمُوْا لَنُبَوِّئَنَّهُمْ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَلَأَجْرَ الْآخِرَةَ أَكْبَرْ، لَوْ كَانُوْا يَعْلَمُوْنَ (النحل: ٤١)
أَمَّا بَعْدُ – فَيَا عِبَادَ اللهِ ! إِتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ. وَقَدْ فَازَ اْلمُتَّقُوْنَ وَأَطِيْعُوْا لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ.
Hadirin sidang jum’at ingkang minulyo.
Sak sampunipun muji dumateng Alloh, soho maos sholawat kunjuk dateng junjungan kito Nabi Agung Muhammad SAW., ugi kulo wasiat dumateng khususipun pribadi kulo piyambak, soho panjenengan sedoyo, monggo samiyo nambahi taqwa dumateng Allah SWT kanthi nebihi awisan-awisanipun lan nglampahi punopo ingkang dados dawuhipun.

Hadirin jama’ah jum’ah Rh.
Menawi kito nyemak saking sejarah, bilih kunci sukses-ipun perjuangan rosul, mboten lepas saking peristiwa hijroh, nuwun inggih saat rosul manggihi jalan kebuntuan, sehinggo rosul kadawuhan hijroh saking kota mekah tumuju kota madinah, kanthi hijroh rosul waged menyusun kekiatan baru, sehinggo waged meraih kesuksesan-kesuksesan perjuangan ingkang gemilang.
Milo saking meniko, Hijrah itu merupakan Kunci Sukses dalam Islam, sebagai umat rosul tentu mengakui bilih hijroh merupakan sunnatur rosul, ingkang dipun lampahi rosululloh ing ndalem mujudagen kesuksesan. Ingkang sak meniko dipun abadi-aken dining sahabat umar bin khothob ra. Kadadosaken hitungan tahun wonten islam, ingkang kitokenal tahun baru islam utawi tahun baru hijrah.
 
Hadirin jama’ah jum’ah Rh.
Magayutan kalian tahun baru hijrah, sumonggo kito mundut hikmah, saking makno hijrah kolowau, amrih ndandosi pribadi kito masing-masing.
Wonten Al-Qur’an mboten kirang sangking tigang doso ayat ingkang nyebutaken kalimah hijrah. Ayat-ayat kasebut njelasaken lan nafsiraken dateng maknanipun hijrah, bilih hijrah setunggaling solusi akhir ingkang kedah dipun lampahi menawi mboten dipun temuaken cara utawi jalan lintu kagem nglanjutaken kehidupan, misi dakwah utawi mempertahanaken keimanan.
Wonten Al-Qur’an, Allah paring jaminan lan janji, nuwun inggih kagen piyantun-piyantun ingkang nglampahi hijrah meniko, arupi ampunan lan syurga. Allah paring dawuh:
...فَالَذِيْنَ هَاجَرُوْا وَأُخْرِجُوْا مِنْ دِيَارِهِمْ وَأُوْذُوْا فِى سَبِيْلِىْ وَقَاتَلُوْا وَقُتِلُوْا لَأُكَفِّرَنَّ عَنْهُمْ سَيِّئَاتِهِمْ وَلَأُدْخِلَنَّهُمْ جَنّاَتٍ تَجْرِىْ مِنْ تَحْتِهَا الْأَنْهَارُ... (ال عمران: ١۹۵)
 “Mongko wong – wong kang hijrah, lan kang diusir sangko kampung halamane, kang disakiti ono dalan-Ku(Alloh), kang perang lan kang dipateni, mestine bakal tak lebur kesalahan-kesalahane dewe-ne, lan mestine bakal tak lebo-ake nang suwargo, kang sak ngisor-ngisore ono kali kang mili ... “ (Q.S. Ali Imran: 195).
Magayutan kalian makna hijrah saged kito artosaken kanti arti ingkang langkung luas, bilih hijrah meniko kagungan maksud pindah sangking perkawis ingkang kirang sahe nuju dateng perkawis ingkang langkung sahe, sangking perkawis ingkang dereng sampurno nuju dateng kasampurnan.
Misalipun ingkang magayutan kaliyan ibadah, kanti semangat hijrah kito tingkataken kwalitas keihlasan kito dateng Alloh swt. Kanti berusaha bucal utawi nyingkiri sifat-sifat madzmumah, ingkang saged menghancurkan ibadah kito, kados sifat, iri, dengki, riya’, hasud, takabur utawi sombong, sehinggo kwalitas ihlas wonten sak lebete ibadah, mboten dipun ragu-aken maleh.

وَعَنْ أَبِي هُرَيرَةَ رَضِيَ اللهُ عَنْهُ أنَّ النبيَّ صَلّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّم قَالَ :إِيَّاكُمْ وَالحَسَدَ، فَإنَّ الحَسَدَ يَأكُلُ الحَسَنَاتِ كَمَا تَأْكُلُ النًارُ الحَطَبَ،أَوْ قَالَ :العُشْبَ .رَوَاهُ أَبُوْ دَاوُدَ
Saking Abu Hurairah ra. Nabi saw. dawuh: nyingkirono siro kabeh saking sifat dengki, sebab sak temene sifat dengki iku biso nglebur kebaikan koyo dene geni mbakar kayu bakar.
Hadirin jama’ah jum’ah Rh.
Semangat hijroh ugi saged damel kito nyingkiri sifat-sifat malas, sebab sifat males merupakan sebagian saking sifati-pun saitan, ingkang kito mangertosi bilih sifat males meniko saged ndadosaken sedanten pekerjaan kito terbengkelai, sebab bahayane sifat malas, rosul paring piwucal dining kito, supados kito asring ndedongo amrih kabahu rekso saking sifat males utawi sungkan:

اللَّـــهُمَّ اِنِّى اَعُوْذُ بِكَ مِنَ الْـهَمِّ وَالْحَزَنِ وَاَعُوْذُبِكَ مِنَ الْعَجْـِز وَاْلكَسَل وَاَعُوْذُبِكَ مِنَ الْجُـبْنِ وَالْبُخْـلِ وَاَعُوْذُبِكَ مِنْ غَلَبَتِ الدَّيْنِ وَقَـهْرِ الرِّجَالِ.
artinya :“Ya Alloh, sak yektos kulo meniko berlindung dateng panjenengan saking keluh kesah lan susah, kulo meniko berlindung dateng panjenengan saking sifat apes lan males, kulo ugi berlindung dateng panjenengan saking sifat pengecut lan kikir, kulo berlindung dateng panjenengan saking kathahipun utang lan ugi saking kezaliman-ipun manungso.” (HR Abu Dawud 4/353)

Hadirin jama’ah jum’ah Rh.
Kejawi saking puniko, kanthi Semangat hijroh ugi saged damel kito nyingkiri sifat putus asa, ingkang kito mangertosi bilih putus asa merupakan dosa ingkang ageng, sebab putus asa hakekat-ipun medot saking rahmat-ipun Alloh swt. miderek pangandikan-ipun kanjeng nabi Muhamad saw. Ingkang dipun ngendikaaken dining sahabat Ibnu Mas’ud ra. mekaten:

اَلْكَبَائِرُ: الِإشْرَاكُ بِاللهِ ، وَالْأَمْنُ مِنْ مَكَرِ اللهِ ، وَالْقُنُوْطُ مِنْ رَحْمَةِ اللهِ ، وَالْيَأسَ مِنْ رُوْحِ اللهِ

“Dosa gede sing paling gede yoiku nyekutoaken  Allah, ngraos aman saking murka-nipun Allah, lan putus asa maring rahmat Allah, lan putus harapan saking kajembarane Allah.”(Hadis hasan sahih; diriwayatkan oleh Ath-Thabrani dalam Al-Mu’jam Al-Kabir; lihat Majma’ Az-Zawaid, juz 1, hlm. 104; kutip dari muslimah.or.id)
Hadirin jama’ah jum’ah Rh.
Milo, monggo kanthi semangat hijroh kito bangun kepribadian kito,menuju pribadi ingkang berkwalitas istiqomah, miderek Alloh swt. Akhiripun…mugi Alloh nurunaken ridho dateng kito sedoyo, amin ya robbal alamin.
باَرَكَ اللهُ ليِ وَلَكُمْ فيِ القُرْآنِ اْلعَظِيْمِ - وَنَفَعَنيِ وَإِياَّكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآياَتِ وَالذِّكْرِ اْلحَكِيْمِ - وَتَقَبَّلَ مِنيِّ وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ اْلعَلِيْم – أَقُوْلُ قَوْليِ هَذَا وَاسْتَغْفُرُ اللهَ اْلعَظِيْم ليِ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ اْلمـُـسْلِمِيْنَ وَاْلمـُسْلِمَات وَاْلمـُؤْمِنِيْنَ وَاْلمـُؤْمِنَات فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ اْلغَفُوْرُ الرَّحِيْمِ                                               
Khutbah Kedua
الْحَمْدُ ِللهِ ، الْحَمْدُ ِللهِ حَقَّ حَمْدِهِ *  أَشْهَدُ أَنْ لآ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ  شَهَادَةَ عَبْدِهِ  *  وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الْوَفِيُّ بِعَهْدِهِ *  صَلَّـى اللهُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلهِ وَأَصْحَابِهِ مِنْ بَعْدِهِ *  وَسَلَّمَ تَسْلِيْمًا كَثِيْرًا *  أَمَّا بَعْدُ، فَيَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوْا اللهَ تَعَالَى * وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ تَعَالَى أَمَرَكُمْ أَمْرًا عَمِيْمًا *  فَقَالَ جَلَّ جَلاَلُهُ: إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ. يَآأَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا *  اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ سَيِّدِ الْمُرْسَلِيْنَ، وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَالتَّابِعِيْنَ* وَتَابِعِ التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنَ* وَارْحَمْنَا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ *

اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ* وَالْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ * إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُّجِيْبُ الدَّعَوَاتِ *  اَللَّهُمَّ اْنصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ *  وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ الْمُسْلِمِيْنَ  *  أَللَّهُمَّ أَهْلِكْ أَعْدَاءَ الدِّيْنَ *  وَأَلِّفْ بَيْنَ قُلُوْبِ الْمُؤْمِنِيْنَ * اَللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا الْغَلَاءَ * وَالْبَلاَءَ وَالْوَبَاءَ* وَاْلفَحْشَاءَ وَالْمُنْكَرَ وَالْبَغْيَ وَالسُّيُوْفَ الْمُخْتَلِفَة * وَالشَّدَائِدَ وَالْمِحَنَ *  مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ * مِنْ بَلَدِنَا هَذَا خَاصَّةً *  وَمِنْ بُلْدَانِ الْمُسْلِمِيْنَ عَامَّةً * إِنَّكَ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ * اللَّـــهُمَّ اِنَّا نَعُوْذُ بِكَ مِنَ الْـهَمِّ وَالْحَزَنِ وَنَعُوْذُبِكَ مِنَ الْعَجْـِز وَاْلكَسَل وَنَعُوْذُبِكَ مِنَ الْجُـبْنِ وَالْبُخْـلِ وَنَعُوْذُبِكَ مِنْ غَلَبَتِ الدَّيْنِ وَقَـهْرِ الرِّجَالِ*  رَبَّنَا أتِنَا فِى الدُنْيَا حَسَنَةً وَفِى الاَخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَبًا النَّارِ* وَصَلَّى الله عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى ألِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ وَالحَمْدُ للهِ رَبِّ العَلَمِيْنَ* وَلَذِكْرُ اللهِ أكْبَر                       

Tidak ada komentar:

Posting Komentar