Ahad
4 desember 2011
Pengajian
rutin Ahad pagi
HIKMAH
MUHARRAM
Oleh K Agus Suswanto
Kito niki ketipu bilih sak
yektosipun bulan muharram niku bulan ingkang mulyo, namun kito ngertosipun
bulan ingkang serem, anamung sak yektosipun bilih poro rojo wonten ing bulan
muharom meniko mengku gawe ingkang ageng, milo poro rojo rumiyin Paring
pangendikan kaliyan poro kawulo “Ojo
podo duwe gawe wulan suro ora ilok” pramilo wulan suro diterjemahke ora ilok
meniko sebab nyarengi damelane poro rojo.
Kaping kalih umur kito tansah
kirang, kito mangertosi bilih tiyang ingkang sahe inggih puniko kados
pengendikane Rosululloh saw.
خَيْر
النَّاسِ مَنْ طَالَ عُمْرُهُ وَحَسُنَ عَمَلُهُ وَشَرُّ النَاسِ مَنْ طَالَ
عُمْرُهُ وَسَاءَ عَمَلُهُ / الحدث
Artosipun sak sae-saene menungso
meniko tiyang ingkang panjang yuswo lan sae amalipun, lan sak elek-eleke
menungso inggih puniko tiyang ingkang panjang yuswonipun lan awon amalipun.
Mugo2 gesange berkah, kangge
sangu ibadah, dene rejeki ingkah berkah inggih puniko gampang kangge nindaaken
ngibadah, inggih puniko rejeki ingkang nggolekane ngangge coro ingkang sae,
halal :
مَنْ أكَلَ
الحَلآلَ فقدْ صَافَ دِنِيْهِ ورَاقَ قَلْبُهُ وَلَمْ يَكُنْ دَعواهُ حِجَابًا-
وَمَنْ َآكِلَ الشُبْهَةَ إشْتَبَهَ عَلَيْهِ دِيْنَهُ وَأظْلَمَ قَلْبَهُ -
وَمَنْ َآكِلَ الحَرَامَ مَاتَ قَلْبُهُ وَخَافَ دِيْنُهُ وَضَعُّفَ يَقِيْنُهُ وَحَجَبَ
دَعْوَاهُ وَيَقِيْلُ عِبَادهُ
Artine : sopo
wongkang mangan barang halal mongko resik(bening) atine, tipis atine (Welas),
lan do’ane ora bakal kaling-kalingan (terkabul) – lan sopo wong kang mangane
barang subhat (samar/remang-remang) mongko bakal disamarake agamane, lan peteng
atine – lan sopo wong kang mangan barang haram, mongko mati atine lan enteng
(tipis) agamane, lan apes (lemah) keyakinane lan dongane dialing alingi (Ora
Diijabahi), lan sithik amal ibadahe.
وَإذِا غَضَبَ
اللهُ عَلَى أحَدٍ رَزَقَهُ عَلَيُهِ حَرَامًا وَإذَا إشْتَدَّ غَضَبَهُ وَكَّلَ
عَلَيْهِ شَيْطَانًا- وَصَاحِبَهُ إبْلِيْسَ – وَيُسْغِلُ كَسْبُهُ وَيُسَاهِلُ
دُنْيَاهُ وَيَقُوْلُ : إنَّ اللهَ غَفُوْرٌ رَحِيْمٌ
Artine : tatkalane Alloh bendu marang
salah sijine wong, mongko alloh arep maringi rizki harom kanggo dewe’e, lan
tatkalane Alloh banget murkane, Alloh nyerahake wong mau marang syaithon, lan
iblis kang ngancani, lan ditungkulke gaweane, digampangke rizkine, lan iblos
ngomong, sak temene Alloh iku dzt kang
akeh pengapurane lan dzat kang welas.
Wonten
wulan muharam meniko, onten 12 perkawis ingkang utami kito lampahi ing
antawisipun :
صُمْ صَلِّ
صِلْ زُرْ عَالِمًا عُدْ وَاكْتَحِلْ رَائْسَ اليَتِيْمِ امْسَحْ تَصَدَّقْ
وَاغْتَسِلْ وَاسِعْ عَلَى العِيَالِ قَلِّمْ ظُفْرًا وَسُوْرَةَ الإِخْلآصِ قُلْ
ألْفًا تَصِلْ إرشاد العباد
- Posoho siro ing tgl 10 wulan muharam, ganjarane podo karo 10,000 haji,-10,000 umroh,- 10.000 wong mati sahid. Dine carane poso men ora podo wong zahudi posoho tgl 9 lan 10 muharom.
- Sholat khurmat bulan muharrom, dene carane solat 4 rokaat, ba’dal fatihah moco surat Al Ikhlas x51, fadhilahe biso nglebur doso 50 tahun.
أُصَلِّ
سُنَّةً لِيَوْمِ عَاشُرئَ رَكْعَتَيْنِ مَعْمومًا لله تَعَالَى
- Silaturrohim, mendet i’tibar critane nabi ilyas : bilih salah setunggale wekdal nabi ilyas pinanggih kalian malaikat izroil, wonten mriku izro’il ngendikan nek panjenengane arep njabut nyowone si Pulan, anamung sanes wekdal si pulan meniko ternyata kepanggih nabi Ilyas tasih sugeng, selajengipun saat Nabi ilyas pinanggih maleh klalian Izro’il panjenengane melehake, Opo panjenengane Izroil goroh? Yen pulan iku kok durung sedo?, mongko izroil crios perihale pulan, yen pulan iku saat bade dipun cabut nyawane dumadaan pulan meniko silaturrohim, mongko aku(izroil) matur maring Alloh hinggo Alloh ndowoaken yuswone 30 tahun. Wallohu a’lam.
- Ziarah wong Alim
- Tilik Wong Sakit (loro) wonten tgl 10 muharam ganjarane podo tilik wong sakit sak alam dunyo, mulai zaman Nabi Adam As. Hinggo sak iki.
- Celakan,fadhilahe badhe dipun reksa saking penyakit mata sakjruning setunggal tahun.
- Ngusap rambute anak Yatim kanti memelas
- Sodaqoh
- Adus Wulan Muharrom; Fadhilahe ora diwenwhi sakit sak jerone setahun.
نَوَيْتُ
الغُسْلَ لِيَوْمِ عَاشُورى لله تَعَالَى
- Mayoran (slametan Karo keluargone) Fadhilahe digawe jembar rizkine.
- Ngethoki kuku
- Moco Surat ikhlas x1000,-
Editorial by
Nur Yasin Ahmad
Tidak ada komentar:
Posting Komentar