اَلْحَمْدُ للهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ، اَلَّذِى خَلَقَ
اْلإِنْسَانَ خَلِيْفَةً فِي اْلأَرْضِ وَالَّذِى جَعَلَ كُلَّ شَيْئٍ
إِعْتِبَارًا لِّلْمُتَّقِيْنَ وَجَعَلَ فِى قُلُوْبِ الْمُسْلِمِيْنَ بَهْجَةً وَّسُرُوْرًا.
اَشْهَدُ اَنْ لاَ اِلهَ اِلاَّ اللهُ وَحـْدَهُ لاَشـَرِيْكَ لَهُ، لَهُ
الْمُلْكُ وَلَهُ الْحَمْدُ يُحْيِى وَيُمِيْتُ وَهُوَعَلَى كُلِّ شَيْئ قَدِيْرٌ.
وَاَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًاعَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لاَنَبِيَّ بَعْدَهُ.
اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمـَّدٍ سَيِّدِ
الْمُرْسَلِيْنَ وَاَفْضلِ اْلاَنْبِيَاءِ وَعَلَى آلِهِ وَاَصْحَاِبه
اَجْمَعِيْنَ اَمَّا بَعْدُ، فَيَااَيُّهَا الْمُسْلِمُوْنَ، اِتَّقُوْااللهَ
حَقَّ تُقَاتِه وَلاَتَمُوْتُنَّ اِلاَّوَاَنـْتُمْ مُسْلِمُوْنَ فَقَدْ قَالَ
اللهُ تَعَالىَ فِي كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ: لَقَدْ كَانَ فِى قَصَصِهِمْ عِبْرَةٌ
لاِّوْلِى ٱلأَلْبَـٰبِ
Hadirin Jama’ah Jum’ah Rh.
Monggo kito tansah
ningkataken iman soho taqwo kito dateng Alloh swt. Inggih hakekat-ipun kito kedah meningkatkan kwalitas-ipun iman meniko
piyambak, sebab sangking kathahipun godaan ugi cobaan duniawi, ingkang setiap
saat mengancam dan dapat mengendurkan iman soho taqwa kito sedoyo. Milo saking
meniko khotib dipun wajibaken wasiat taqwo wonten setiap khutbah-ipun.
Hadirin Jama’ah Jum’ah Rh.
Menungso gesang
meniko mboten lepas saking cobaanipun Alloh ingkang mawarni warni. Ananging
Alloh bakal milih dateng tiang ingkang sobar dalam menghadapi ujian. Kejawi
saking puniko tentu Alloh swt. bade nggantos ingkang langkung sahe dateng
piyantun ingkang sobar kolo wau. Alloh swt paring dawuh :
153. Hai
wong-wong kang podo iman, dadekno sabar lan shalat iku kanggo penolong-mu[99],
Sak temene Alloh iku bareng marang wong-wong kang podo sabar.
Jama’ah jumah ingkang minulyo.
Kito sedoyo kedah
saged belajar sangking kisah poro ambiya, ing ndalem ngadepi ujian gesang
meniko. Lan kedah waged mendet i’tibar ingkang sahe, kagem gambaran kehidupan kito
sedoyo. Inggih dalam upaya meluruskan & meningkatkan kwalitas iman soho
taqwa kito sedoyo.
1.
Pertama, Kisahipun
Nabiyulloh Ibrohim as. ing ndalem nampi ujian sangking Alloh swt arupi perintah
nyembelih putranipun “Isma’il” ananging
Alloh ahiripun ngganti kalian mendo. Ingkang kito kenal kalian ibadah
Qurban, Meniko prasasat cerito tentang ketaatan lan kesabaranipun
panjenenganipun Nabi Ibrohim lan Ismail kekalih, sehinggo sariatipun dipun
abadikan dumugi sariatipun rosululloh Muhammad saw. Meniko. Keranten kesabaran
lan ketaqwaanipun kagem contoh dateng kito umat Muhamad saw.
2.
Ingkang ongko kalih
Dikisahaken wonten Al quran tentang kuda-kuda terbangnya Nabi Sulaiman as. ingkang
gagah lan bersayap ugi sanget menakjubkan kasebat wonten dawuh ipun Alloh swt.
"Lan Wis Ingsun (Alloh) paringake maring Daud,
yaiku Sulaiman, Panjenengane sak apik-apike kawulo. Sak temene panjenengane sanget
anggene taat (marang pengerane)* (Elingo) Tatkalane dicawisake marang
panjenengane jaran-jaran kang tenang ing
waktu mandek lan cepet waktu mlayune ing ndalem waktu sore.* Mongko panjenengane ngendikan,
" Sak temene ingsun (Sulaiman) seneng marang kesenangan barang kang apik (Yoiku
jaran terbang) sehinggo ingsun lali zdikir marang pengeranku, banjur
jaran-jaran iku ilang songko paningalku."* "gowoho kabeh jaran-jaran
iku marang aku." Banjur panjenengan-ipun motong sikil lan gulune jaran-jaran
iku. (Shaad:30-33)
Poro mufassir nerangaken, bilih
Nabi Sulaiman a.s. kagungan jaran terbang ingkang kathah tur gagah-gagah lan roso-roso,
cepet mlajaripun kados dene kilat. meski Jaran-jaran iku kagem jihad fi
sabilillah. Ananging wekdal nabi sulaiman sibuk mrikso lan ngrumat jaran-jaran
kolo wau panjenengan-ipun kesupen ngantos mboten sholat asar keranten
asik-ipun.
Sak sampunipun sadar, panjenengan
ipun Nabi Sulaiman teras janji : "Demi Allah, jaran-jaran iku biso ngelaliake
aku songko nyembah marang pengeranku, milo luwih becik arep aku sembelih wae"
Terus panjenengane mrintah kuda-kuda iku disembelih.
Keranten kecintaanipun Alloh
dateng Nabi Sulaiman soho kesabaranipun nabi sulaiman ing ndalem menyikapi
harta benda, mongko Alloh ngganti jaran-jaran iku kalian Angin ingkang saged
dipun perintah kapanpun. Tentunipun lebih cepet lan langkung sahe malih.
Jama’ah jumah ingkang minulyo.
Monggo kito terapaken, wonten
kehidupan kito sak meniko, bilih menawi nyembelih putro, utawi Jaran lan
anginipun nabi sulaiman, sak meniko namun wonten ing dunia dongeng, ananging esensi
saking ketaatan beliau menikoingkang kedah kito teladani, misalipun nilai guna jaran
utawi angin-ipun Nabi Sulaiman, sak meniko sampun dipun ganti dining Alloh kalian
berbagai bentuk teknologi transportasi dan informasi ingkang canggih kados
Kapal terbang, Telepon, internet, lan sak pinunggalanipun, ingkang mampu
meruntuhkan batas ruang ugi saged melipat waktu.
Sayangipun, berbagai macam benda
teknologi meniko anamung dados simbol kemewahan, ingkang kathah dipun buru dining
manungso. Bahkan terkadang damelsimbul kesombongan. Walaupun kito sadar bilih
barang-barang meniko anggadahi tingkat kecanggihan ingkang luar biasa ingkang saged
nglali-aken manungso sangking pengeranipun.
Sak meniko sampun kasunyatan,
bilih jaran lan angin, sampun hadir dalam bentuk lain ingkang jauh langkung
dahsyat (langkung Canggih), ananging iman lan taqwanipun manungso sak meniko jauh lebih tipis dibandingkan dengan iman Nabi
Sualaiman, N Ibrohim lan Isma’il alaihimusalam. sahinggo kathah manungso
ingkang mboten waged syukur lan sabar, nampi kecanggihan zaman. Meniko ingkang
kedah kito waspadahi, penyakit inggkang sanggup melunturkan iman soho taqwo
kito, ampun ngantos tembe mburi kito dados tiyang ingkang kapitunan.
Jama’ah Jum’ah Rahimakumullah
Wal hasil, Punopo kemawon ingkang
kito korbanaken kedah kadasaraken sedoyo keranten Alloh, milo Alloh tentu bade
nggantos ingkang langkung sahe, lan tentu meski kados nopo kecanggihan menungso
mboten bade waged nggeser ketaatan kito dateng Alloh swt.
Mekaten khutbah
singkan ingkang saged kito aturaken mugi ndadosno manfa’a dateng kito Amin ya
robbal alamin.
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِيْ اْلقُرْآنِ
اْلعَظِيْمِ وَنَفَعَنِي وَإيَّاكُمْ بمَا فيْهِ مِنَ اْلآياَتِ وَالذكْر
الْحَكِيْمِ وَتَقَبَّلَ مِنِّي وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ إنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ
اْلعَلِيْمُ
Khutbah Kedua
الْحَمْدُ
ِللهِ ، الْحَمْدُ ِللهِ حَقَّ حَمْدِهِ * أَشْهَدُ أَنْ لآ إِلَهَ إِلاَّ
اللهُ شَهَادَةَ عَبْدِهِ * وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا
عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الْوَفِيُّ بِعَهْدِهِ * صَلَّـى اللهُ عَلَى
سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلهِ وَأَصْحَابِهِ مِنْ بَعْدِهِ * وَسَلَّمَ
تَسْلِيْمًا كَثِيْرًا * أَمَّا بَعْدُ، فَيَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوْا
اللهَ تَعَالَى * وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ تَعَالَى أَمَرَكُمْ أَمْرًا عَمِيْمًا
* فَقَالَ جَلَّ جَلاَلُهُ: إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى
النَّبِيِّ. يَآأَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا
تَسْلِيْمًا * اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ
سَيِّدِ الْمُرْسَلِيْنَ، وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَالتَّابِعِيْنَ *
وَتَابِعِ التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنَ *
وَارْحَمْنَا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ *
اَللَّهُمَّ
اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ * وَالْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ
* إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُّجِيْبُ الدَّعَوَاتِ * اَللَّهُمَّ اْنصُرْ
مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ * وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ الْمُسْلِمِيْنَ *
أَللَّهُمَّ أَهْلِكْ أَعْدَاءَ الدِّيْنَ * وَأَلِّفْ بَيْنَ
قُلُوْبِ الْمُؤْمِنِيْنَ * اَللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا الْغَلَاءَ * وَالْبَلاَءَ
وَالْوَبَاءَ* وَاْلفَحْشَاءَ وَالْمُنْكَرَ وَالْبَغْيَ وَالسُّيُوْفَ
الْمُخْتَلِفَة * وَالشَّدَائِدَ وَالْمِحَنَ * مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا
بَطَنَ * مِنْ بَلَدِنَا هَذَا خَاصَّةً * وَمِنْ بُلْدَانِ الْمُسْلِمِيْنَ
عَامَّةً * إِنَّكَ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ * رَبَّنَا
أتِنَا فِى الدُنْيَا حَسَنَةً وَفِى الاَخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَبًا
النَّارِ* رَبَنَا
هَبْ لَنَا وَذُرِّيَّتِنَا قُرَّةَ أَعْيُوْنِ وَاجْعَلْنَا لِلْـمُتَّقِيْنَ
إمَامًا * رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا وَلإِخْوَانِنَا الَّذِيْنَ سَبَقُوْنَا
بالإِيـْمَانِ* وَلاَ تَجْعَلْ فِيْ قُلُوْبِنَا غِلاًّ لِّلَّذِيْنَ
آمَنُوْا رَبَّنَا إِنَّكَ رَؤُوْفٌ رَّحِيْم *
عِبَادَ
اللهِ، إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتَاءِذِى اْلقُرْبَى
وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشَاءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْىِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ
تَذَكَّرُوْنَ وَاشْكُرُوْهُ عَلَى نِعَمِه