19 Jan 2013

Suluk / Syairnya Gus Dur


Ngawiti Ingsun, Nglaras syi’iran
Kelawan muji marang pengeran, 
kang paring rahmat lan kenikmatan
rino wengine tanpo pitungan x2

Duh bolo konco, prio wanito
Ojo mung ngaji syari’at bloko
Gur pinter ndongeng nulis lan moco
Tembe mburine bakal sengsoro x2

Akeh kang apal, Qur’an haditse
Seneng ngafirke marang liyane
Kafire dewe gak digatekte
Yen isih kotor ati akale x2

Gampang kabujuk, Nafsu angkoro
Ing pepaese gebyaring dunyo
Iri lan meri sugihe tonggo
Mulo atine peteng lan nisto x2

Ayo sedulur jo nglaleake 
Wajibe ngaji sak pranatane
Do ngendelake iman tauhide
Baguse sangu mulyo matine x2

Kang aran sholeh bagus atine
Kerono mapan sari ngelmune
Lagu thoriqot lan ma’rifate
Ugo khakekot manjing rasane x2

Al Quran Qodim, Wahyu minolyo
Tanpo tinulis biso diwojo
Iku wejangan guru waskito
Den tancepake ing njero dodo

Kumanthil ati lan pikiran 
mrasuk ing badan kabeh jeroan
mukjizat rosul dadi pedoman
minongko dalan manjinge iman

kelawan Alloh kang moho suci 
kudu rangkulan rino lan wengi
ditirakati diriyadhoi
Dzikir lan suluk jo nganti lali x2

Uripe ayem, rumongso aman
Dununge roso tondo yen iman
Sabar narimo najan pas apasan
Kabeh tinakdir saking pengeran x2

Kelawan konco dulur lan tonggo
Kang podo rukun ojo..............
Iku sunahe rosul kang mulyo
Nabi Muhammad panutan kito x2

Ayo nglakoni, sekabehane
Alloh kang bakl ngangkat drajate
Senajan ashor toto dhohire
Ananging mulyo maqom drajate

Ing pungkasane
Ora kesasar roh lan sukmane
Den gadang Alloh Swargo manggone
Utuh mayite ugo ulese x2

Tidak ada komentar:

Posting Komentar