5 Des 2011

Khutbah Amanat Putro Wayah


Amanat Putro Wayah
السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
اَلْحَمْدُ للهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ. وَنَعُوْذُبِاللهِ مِنْ سُرُوْرِ أنْفُسَنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِي اللهُ فَلاَمُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. اَشْهَدُ اَنْ لاَاِلهَ اِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ . وَاَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدً عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ. اَللّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلى عَبْدِكَ وَرَسُوْلِكَ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلى اَلِهِ وَاَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُ إلى يَوْمِ الدقِيَامَةِ (امابعد)     فَيَاَيُّهَااْلمُسْلِمُوْنَ. رَحِمَكُمُ اللهَ. اِتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ اِلاَّ وَاَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ.
معاشر المسلين رحمكم الله
Wonten sak lebeting kelonggaran gesang puniko, Monggo kito tansah nambahi bobotipun iman dumateng Alloh kanti taqwalloh, tegesipun kito berusaha nindaaken sedoyo perintahipun Alloh lan nebihi awisan-awisanipun. Mugiyo Alloh tansah maringi kekuatan lahir soho batin dumateng kito sedoyo. Sehinggo kito saged ninda’aken perintah-perintahipun.
معاشر المسلين رحمكم الله
Dene salah setunggaling perintahipun Alloh ingkang wajib kito tinda’aken, ing antawisipun inggih puniko ngrekso dateng awak kito lan keluargo saking api neroko, sangking siksonipun Alloh meniko sampun kawengku wonten dawuhipun Alloh swt. Wonten QS At-Tahrim : 6
$pkš‰r'¯»tƒ tûïÏ%©!$# (#qãZtB#uä (#þqè% ö/ä3|¡àÿRr& ö/ä3‹Î=÷dr&ur #Y‘$tR .... ÇÏÈ  
Artosipun: He... wong-wong kang podo iman, reksoho awak siro lan keluargo iro kabeh songko sikso neroko
Miderek ayat kasebat, ingkang merupakan tanggung jawab sebagai pribadi setiap muslim, inggih puniko njagi dateng pribadinipun piyambak ugi keluargaipun, sangking murkanipun Alloh, utawi saking siksonipun Alloh, inggih puniko geni neroko ingkang banget panasipun. Lan kito mangertosi,  bilih bahan bakaripun sangking manungso ingkang duroko lan khijaroh.
Menawi kito leres-leres iman soho taqwo dumateng Alloh, monggo gumrigah netepi panggilanipun Alloh, ngleksanaaken perintahipun Alloh kasebat, Inggih nylametaken awak kito ugi keluarga saking murkanipun Alloh kolowau.
Dene.... ingkang kawastanan keluargo, dalam arti sempit inggih puniko: bapak, ibu, soho putro lan wayah, ingkang samangkeh saged kito bentuk sesuai kalian keinginan kito, bade kadamel kados punopo pribadinipun, ahlakipun, agaminipun, keilmuanipun, tergantung dateng kito ingkang bade ngleksanani,  mekaten menggah pangendikanipun Rosululloh saw.
كُلُّ مَوْلُوْدٍ يُلَدُ عَلَى الْفِطْرَةِ فَإِنَّمَا أَبَوَاهُ يُهَوِّدَانِهِ أوْ يُنَاصِرَانِهِ أوْ يُمَاجِسَانِهِ (رواه البخاري ومسلم)
Artinya : Saben-saben bayi kang dilahirake, netepi pitroh kang suci, dene wong tuwone kang bakal ndadaake yahudi, nasroni utowo majusi.
Mekaten pengendikanepun rosul, bilih putro puniko sepenuhnya tanggung jawab ipun tiyang sepah, milo kedah kito jagi, kersane dados anak ingkang soleh utawi solihah, kito mboten waged nyalahaken tiyang sanes, menawi putro kito dados piyantun ingkang ahli duroko dumateng Alloh swt. Punopo maleh wonten ing jaman sak meniko kito mboten kengeng lengah, terutama wontenipun pergaulan putro, perlu kito jagi, kito amati lan selalu kito pantau.
Bapak mungkin ahli ibadah, anamung putro wayah terkadang-pun mboten genah, sebab sampun kenging pengaruh negatif, baik kena faham ekstrim kanan utawi ektrim kiri, ahiripun kito sebagai tiyang sepah-pun mboten saged ngertos karakter utawi pribadinipun putro, kadang-kadang putro wayah kito justru malah berprilaku kanti ngagem tendensi agama, namun prilakunipun sampun mlenceng sangking tatanan agama, sebab sampun salah gaul, malah-malah sampun dipun cuci otak-ipun kanti bai’at-baiat ingkang menyesatkan, fahan lan fanatisme ingkang kadang saged ngrugeaken datang tiyang katah, kito saged mirsani kedadosan-kedadosan ingkang tasih hanyat dipun bicaraaken wonten media elektrnik, ingkang terjadi wonten negari kito. Kito sanget anggenipun prihatin, namung kito kedah waged mundut  i’tibar, sebagai gambaran kagem keluargo kito, kagem awak kito piyambak, kados pundi saged kados mekaten kedadosanipun.... sehinggo kito mboten bade nganggep sepele, tentang urusan pendidikan lan pergaulan putro. Awit perkawis kalih meniko merupakan penentu kagem putro-putri kito sedoyo.
Nuwun sewu, ampun ngantos putro dados pemabuk, pecandu narkoba, pezinah minggahipun dados teroris bongso lan negoro, kito sebagai tiyang sepahipun mboten pirso..... utawi malah ethok-ethok mboten pirso, ingkang langkung parah malih, kito malah bangga dumateng putro ingkang kados mekaten meniko, na’udzubillah..... sebab kito sampun pirso bilih putro meniko setunggalipun amanat Alloh ingkang kedah kito jagi lan kito pertanggung jawabaken wonten ngersanipun Alloh.
Sebagai pribadi muslim, menawi kito sampun berkeyakinan bilih putro meniko, setunggalipun amanat Alloh ingkang katitipaken dateng kito, mestinipun kito kedah mbudi doyo sekuat tenaga, menghantarkan generasi kito dados generasi muslim ugi, generasi ingkang soleh-lan solihah, ta’at dateng Alloh lan rosululloh ugi patuh dumateng tiyang sepahipun. Tembe mburi dados tiyang ingkang pinter lan manfaati dateng agami bangso lan negari. Rosul dawuh
عَلِّمُوْا أوْلادكُم فَائنَّهُم مَخْلُقُوْنَ غَيْرَ زَمَانِكُم  ـ الحديث
Artosipun :
Podo mulango siro kabeh marang anak iro, sak temene dewe’e bakal dadi generasi ono zaman kang bedo sangking zaman iro kabeh.
معاشر المسلين رحمكم الله
Sak lajengipun kito mangertosi, bilih putro meniko merupakan amanat sangking Alloh, ingkang kedah kito jagi, milo ampun ngantos putro lan wayah meniko, terperosot wonten jurang api neroko. Keranten salah asuhan utawi salah pergaulan sebab hal meniko, kito bade dipun suwuni pertanggung jawaban dining Alloh swt. Pengendikanipun rosululloh saw :
....وَالرَّجُلُ رَاعٍ لآهْلِهِ وَمَسْئُولٌ عَنْ رَعِيَّتِهِ..... (رواه البخارى ومسلم)
Tegesipun : ....Wong lanang ugo pimpinan marang keluargane lan bakan disuwuni pertanggung jawaban kepiye olehe mimpin....
Milo kito sadar saestu bilih amanat meniko, wajib kito jagi lan dipertanggung jawabkan dumateng ingkang nitipaken amanat kolo wau, menawi awalipun amanat meniko pitroh, suci lan bersih, tentunipun sak mangkih harapan ingkang dipun kersaaken dateng pemilik amanat, tentu kundur dalam keadaan semula. Kados mekaten mungkin ingkang kawastanan tanggung jawab.
Mekaten ugi, Alloh ngersaaken dateng putro lan wayah kito sedoyo, samangkeh amanat putro kolowau, dodos tiyang ingkang rajin ibadah, ngabdi dateng Alloh, kanti anggadahi predikat taqwalloh. Utawi dados tiyang ingkang taqwa dumateng Alloh.
معاشر المسلين رحمكم الله
Perkawis ingkang gegayutan kalian putro lan wayah, ingkang mboten kalah pentingipun sak sampunipun kito mbudi doyo mendidik, mengarahkan dumuginipun milihaken lingkungan pergaulan, inggih puniko nyuwun dateng Alloh, lewat ndedongo tiap wekdal, mugi putro kolowau kadadosaken putro ingkang soleh lan solihah. Awit kito mangertosi bilih ridho Alloh meniko tergantung wonten ridhonipun tiyang sepah kalih. Anamung terkadang terlupakan, kagem tiyang sepah kekalih, sehinggo mboten pernah nyuwun dateng Alloh, mugi putro wayah kadadosno dzuriyah ingkang solih lan sholihah.
Ahiripun Mekaten khutbah singkat ingkang saged kulo sampai-aken, mugiyo kito sedoyo saged netepi printahipun Alloh swt. Lan kaparingan dzuriyah ingkang solih lan sholihah. ingkang kagolong awrat meniko, amin.....ya robbal alamiiin.
بَارَكَ اللهُ لِى وَلَكُمْ فِى اْلقُرْأَنِ اْلعَظِيْم وَنَفَعِنَي وَاِيَّاكُمْ بِمَافِيْهِ مِنَ اْلايَاتِ وَالذِّكْرِاْلحَكِيْم
اَقَوْلُ قَوْلِى هَذَا وَاَسْتَغْفِرُ اللهَ لِيْ وَلَكُمْ  وَاَسْتَغْفِرُهُ اِنَّهُ هُوَاْلغَفُوْرُالرَّحِيْمُ

4 Des 2011

Sholawat lil Marom

بسم الله الحمن الرحيم

محمّد وحصّل به لالمرام
ايا حاضرى مجلس العلم عمِ
بكم باهي اهل السماء الكرام
من الامر يسرا كذا بالسلام
فربّي كريم وفيّ لا يسّلام
رضيت وننجو بيوم الزحام
عداك الّذين يحومون شام
كروبي وفرّج عل من يضام
مغيثا لنا فى رضاك التزام
قيّوم اطل عمرنا بانتظام
ووسّع لنا الرّزق غيرالفصام
يجودعلينا بحسن الختام
محمّد واله وصحب كرامِ

الّلهم صلّ و سلّم على
سلام عليكم كمسك الختام
هنيئا لكم يا علما ئنا
ومن يتّق الله يجعل له
ويرزقه من حيث لا يحتسب
فيا ربّ سد ّد و وفّق لما
وكن عوننا يا الهى على
ويا ارحم الرحمين اكشفا
و يا ذالجلال والاكرام كن
واحي القلوب يا حيّ يا
واصلح قصودى ويسّر لها
ونحمد ربيّ ونساء له
وصلّى وسلّم ربّى على

ADAB BERDO'A AGAR TERKABUL


MENGANGKAT TANGAN DALAM BERDO’A
Do’a dengan mengangkat tangan adalah merupakan ajaran rosululloh atau sunnatur rosul, bukan merupakan bid’ah atau hal yang dilarang agama hal ini seperti dilakukan beliau saat do’a Qunut  :

  1. Hadist diriwayatkan oleh Imam baihaqi
عن أنس انه صلي الله عليه وسلم رفع يديه فىالقنــنوت ـ روه البيهقي
Dari Anas ra. Bahwasanya Nabi Muhammad saw mengangkat dua tangannya pada saat berqunut (H R Imam Baihaqi – Baihaqi II Hal 211)
  1. Hadis Dari Imam Al Hakim
عن ابى هريرة رضي الله عنه قال : كان رسول الله ص م اذارفع رأسه من الركوع فى الصلاة الصبح فى الركعة الثانية رفع يديه فيدعو بهذا الدعاء : اللهم اهدنى فيمن هديتَ .... الى أخره  روه الحاكم وصححه
Dari Abu Hurairoh ra. Beliau berkata : Adalah Rosululloh saw. Apabila mengangkat kepalanya dari ruku’ pada sembahyang subuh, pada rokaat kedua beliau mengangkat kedua tangannya dan mendo’a dengan do’a ini “Allohummahdini fiman hadait……dst (HR Imam Hakim dan beliau mengatakan hadits ini sohih – Mahalli I hal 157)

Dari keterangan hadis diatas jelaslah bahwa rosululloh mengangkat tangan ketika berdo’a qunut, kemudian bagaimana ketika berdo’a diluar do’a qunut apakah yang demikian ini mengada – ada? Hal ini kita membutuhkan penjelasan lebih lanjut sebagaimana yang dijelaskan oleh beliau dalam hadis yang lain, ersebut dalam kitab bulughul Marom hal 311 bab Dzikir dan Do’a hadits Nomor 1580 sebagai berikut :
وعن سليمان رضي الله عنه قال : قال رسول الله صلي الله عليه سلم ، ان ربكم حي كريم، يستحي من عبده اذا رفع يديه اليه ان يردّهما صفراً،   أخرجه الاربعة الاالنسائ ، وصححه الحاكم
Dari Sulaiman Ra berkata : Rosululloh saw telah bersabda ; Sesungguhnya tuhanmu adalah hidup dan Maha mulia, Dia (Alloh) malu kepada Hambanya yang ketika mengangkat kedua tangannya kepadanya untuk menolak kedua tangannya dengan hampa (tidak mendapat apa-apa).

Sekarang semakin jelaslah bahwa rosululloh sangat menganjurkan kepada kita,  bahwa siapa saja yang do’anya ingin diqobulkan oleh Alloh swt. Maka hendaknya mengangkat kedua tangannya, mengapa?,Karena sebenarnya Alloh swt. Dengan sifat Rahman dan Rahimnya akan malu bila hambanya yang beriman dan sholih meminta-minta dengan menengadahkan tanganya kemudian dibiarkan dengan tangan hampa tanpa hasil apapun, ini berarti Siapa yang berdo’a dengan Mengangkat kedua tangannya do’anya akan diqubulkan oleh Alloh swt.

Kesimpulan :
1.        Jadi jelaslah bahwa berdo’a dengan mengangkat tangan bukanlah suatu bid’ah ataupun larangan agama akan tetapi justru merupakan sunnaturrosul yang patut kita lakukan.
2.        Ketika kita mengharapkan do’a kita terkabul, maka hendaklah kita berdo’a dengan mengangkat kedua tangannya.

Diterbitkan oleh LDNU Kecamatan Pageruyung
Ahad 25 Januari 2009

HIKMAH MUHARRAM


Ahad 4 desember 2011
Pengajian rutin Ahad pagi

HIKMAH MUHARRAM
Oleh K Agus Suswanto


Kito niki ketipu bilih sak yektosipun bulan muharram niku bulan ingkang mulyo, namun kito ngertosipun bulan ingkang serem, anamung sak yektosipun bilih poro rojo wonten ing bulan muharom meniko mengku gawe ingkang ageng, milo poro rojo rumiyin Paring pangendikan kaliyan poro kawulo  “Ojo podo duwe gawe wulan suro ora ilok” pramilo wulan suro diterjemahke ora ilok meniko sebab nyarengi damelane poro rojo.
Kaping kalih umur kito tansah kirang, kito mangertosi bilih tiyang ingkang sahe inggih puniko kados pengendikane Rosululloh saw.
خَيْر النَّاسِ مَنْ طَالَ عُمْرُهُ وَحَسُنَ عَمَلُهُ وَشَرُّ النَاسِ مَنْ طَالَ عُمْرُهُ وَسَاءَ عَمَلُهُ / الحدث
Artosipun sak sae-saene menungso meniko tiyang ingkang panjang yuswo lan sae amalipun, lan sak elek-eleke menungso inggih puniko tiyang ingkang panjang yuswonipun lan awon amalipun.

Mugo2 gesange berkah, kangge sangu ibadah, dene rejeki ingkah berkah inggih puniko gampang kangge nindaaken ngibadah, inggih puniko rejeki ingkang nggolekane ngangge coro ingkang sae, halal :
مَنْ أكَلَ الحَلآلَ فقدْ صَافَ دِنِيْهِ ورَاقَ قَلْبُهُ وَلَمْ يَكُنْ دَعواهُ حِجَابًا- وَمَنْ َآكِلَ الشُبْهَةَ إشْتَبَهَ عَلَيْهِ دِيْنَهُ وَأظْلَمَ قَلْبَهُ - وَمَنْ َآكِلَ الحَرَامَ مَاتَ قَلْبُهُ وَخَافَ دِيْنُهُ وَضَعُّفَ يَقِيْنُهُ وَحَجَبَ دَعْوَاهُ وَيَقِيْلُ عِبَادهُ
Artine : sopo wongkang mangan barang halal mongko resik(bening) atine, tipis atine (Welas), lan do’ane ora bakal kaling-kalingan (terkabul) – lan sopo wong kang mangane barang subhat (samar/remang-remang) mongko bakal disamarake agamane, lan peteng atine – lan sopo wong kang mangan barang haram, mongko mati atine lan enteng (tipis) agamane, lan apes (lemah) keyakinane lan dongane dialing alingi (Ora Diijabahi), lan sithik amal ibadahe.
وَإذِا غَضَبَ اللهُ عَلَى أحَدٍ رَزَقَهُ عَلَيُهِ حَرَامًا وَإذَا إشْتَدَّ غَضَبَهُ وَكَّلَ عَلَيْهِ شَيْطَانًا- وَصَاحِبَهُ إبْلِيْسَ – وَيُسْغِلُ كَسْبُهُ وَيُسَاهِلُ دُنْيَاهُ وَيَقُوْلُ : إنَّ اللهَ غَفُوْرٌ رَحِيْمٌ
 Artine : tatkalane Alloh bendu marang salah sijine wong, mongko alloh arep maringi rizki harom kanggo dewe’e, lan tatkalane Alloh banget murkane, Alloh nyerahake wong mau marang syaithon, lan iblis kang ngancani, lan ditungkulke gaweane, digampangke rizkine, lan iblos ngomong,  sak temene Alloh iku dzt kang akeh pengapurane lan dzat kang welas.

Wonten wulan muharam meniko, onten 12 perkawis ingkang utami kito lampahi ing antawisipun :
صُمْ صَلِّ صِلْ زُرْ عَالِمًا عُدْ وَاكْتَحِلْ رَائْسَ اليَتِيْمِ امْسَحْ تَصَدَّقْ وَاغْتَسِلْ وَاسِعْ عَلَى العِيَالِ قَلِّمْ ظُفْرًا وَسُوْرَةَ الإِخْلآصِ قُلْ ألْفًا تَصِلْ   إرشاد العباد

  1. Posoho siro ing tgl 10 wulan muharam, ganjarane podo karo 10,000 haji,-10,000 umroh,- 10.000 wong mati sahid. Dine carane poso men ora podo wong zahudi posoho tgl 9 lan 10 muharom.
  2. Sholat khurmat bulan muharrom, dene carane solat 4 rokaat, ba’dal fatihah moco surat Al Ikhlas x51, fadhilahe biso nglebur doso 50 tahun.
أُصَلِّ سُنَّةً لِيَوْمِ عَاشُرئَ رَكْعَتَيْنِ مَعْمومًا لله تَعَالَى
  1. Silaturrohim, mendet i’tibar critane nabi ilyas : bilih salah setunggale wekdal nabi ilyas pinanggih kalian malaikat izroil, wonten mriku izro’il ngendikan nek panjenengane arep njabut nyowone si Pulan, anamung sanes wekdal si pulan meniko ternyata kepanggih nabi Ilyas tasih sugeng, selajengipun saat Nabi ilyas pinanggih maleh klalian Izro’il panjenengane melehake, Opo panjenengane Izroil goroh? Yen pulan iku kok durung sedo?, mongko izroil crios perihale pulan, yen pulan iku saat bade dipun cabut nyawane dumadaan pulan meniko silaturrohim, mongko aku(izroil) matur maring Alloh hinggo Alloh ndowoaken yuswone 30 tahun. Wallohu a’lam.
  2. Ziarah wong Alim
  3. Tilik Wong Sakit (loro) wonten tgl 10 muharam ganjarane podo tilik wong sakit sak alam dunyo, mulai zaman Nabi Adam As. Hinggo sak iki.
  4. Celakan,fadhilahe badhe dipun reksa saking penyakit mata sakjruning setunggal tahun.
  5. Ngusap rambute anak Yatim kanti memelas
  6. Sodaqoh
  7. Adus Wulan Muharrom; Fadhilahe ora diwenwhi sakit sak jerone setahun.
نَوَيْتُ الغُسْلَ لِيَوْمِ عَاشُورى لله تَعَالَى
  1. Mayoran (slametan Karo keluargone) Fadhilahe digawe jembar rizkine.
  2. Ngethoki kuku
  3. Moco Surat ikhlas x1000,-

Editorial by Nur Yasin Ahmad